Ebook Terbaru :
quran digital

KITAB SULUK SUNAN BONANG

ebook sunan bonang
Download Ebook Kitab Sulu Sunan Bonang : Berikut ini kami sertakan  Pupuh I dari Pupuh XVII yang menjadi bagian dari Kitab Primbon Sunan Bonang ini


Mangka  akecap Shaich    al  Bari  -  kang  sinalametaken  dening
pangeran  :  e-Mitraningsun!  sira  kabeh  den  sami  angimanaken
wirasaning Usul Suluk i(ng)kang kapetet ti(ng)kahing anakseni ing
pangeran ; miwah kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih;
saksenana  yan  sira  pangeran  asifat  saja  suksma  mahasuci
tunggalira,  tan  ana  papadanira,  kang  mahaluhur.  e  Mitraningsun  !
den sami amiarsaha, sampun sira sak  malih ; den sami aneguhaken,
sampun gingsir idepira.

Iki si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : “Wa ash’hadu an
la  ilaha  illa  llahu  wah’dahu,  la  sharika  lahu  wa
ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.

(3) Tegese ikU: ingsUn anakseni | kahananing pangeran kang anama
Allah,  kang  asifat  saja  suksma,  langgeng  kekel  wibuh    sampurna
purba  qadim  sifatira  mahasuci,  orana  pangeran  sabenere  anging
Allah uga, pangeran kang sinembah sabenere kang agung.
 
e-Mitraningsun  !  sang  siptaning  lapal  “ora”  iku:  dening  sampun  awit 
itbat  karihin,  nora  malih  anaksenana  i(ng)kang  nora  yakti  ;  tanpa
wiyos  idepe wong iku mene.

Kalawan ingsun anakseni  yan baginda Muhammad kawulaning Allah
kang sinihan, ingutus agama islam iya iku i(ng)kang tinut dening nabi
wali mukmin kabeh.

e-Mitraningsun  !  karana  satuhune  lapal  “nora”  iku:  nora  malih
angorakena  satuhuning  Allah  pangeran,  nora  malih  angorakena
pange(ra)n  siya  siya - tegesing  siya  siya (4)  iku  kadi  ta  ana |  peken
barang  kakasihe:  nora  malih.  Yan  mo(ng)konoa  salah  tunggal  den
orakena kupur uga wong iku mene.

Kewala    si  lapal  “nora”  iku:  sikeping  wong  kang  sinung  wasil
paningale  kang  antuk  pastining  iman  sakadare  ika.  Kewala  lapal
„nora"  iku:  i(ng)kangandelingaken  mahasucining  pangeran  jan
tunggal tanpa  kufu’  iku siptane kang anduweni sabda iku.

Lan  norana  papadaning  Allah  pangeran.  E-Mitraningsun  Sang
siptane  lapal  kang  ingorakaken  iku  iya  i(ng)kang  orana  pisan
papadaning Allah pangeran. Tegesing sang sipta iku : dening mantep
ananira  uga  kang  andelingaken  ing  mahasucinira  ing  piambekira,
mapan  orana  kang  Iyan    saking  Allah  pangeran.  Kaya  apa  ta  idepe
wong  iku  mene yan  anaha  papadaning  pangeran,  duk  sadurunge
angucap (5) “orana  pangeran”  iku, |  wus  pasti  ing  idepe yan  anging
Allah  pangeran  kang  sabenere,  kang  sinembah  kang  pinuji  kang
tunggal andadeken satuhune kang agung.

Mangka  a(na)bda Shaich  al  Bari:  e-Mitraningsun!  karana  i(ng)kang
napi  iku  sawusing  itbat, karana,  duk angucap: “orana pangeran” iku,
wus  awit  itbat:  “anging  Allah  uga  pangeran  kang  sabenere”.  Iku
salamete ujar iku.

Anapon kaping  kalih, kang ingitbataken i(ng)kang anama Allah kang
asifat  saja  purba  langge(ng)  kekel  agung  mahasuci  :  iku  wiyos  ing
napi-itbat.  Utawi  pastining  napi-itbat  iku  lungguhe  ing  kawula  uga.
Kang  ingitbataken  ta  kahananing  Allah  uga  kang  asifat  saja,  mapan
saos  kang  inganakaken  lan  kang  ingorakaken -  iku  sang  sipta -  tan
Iyan ananira uga, kang andelingaken (6) maha | sucining piambekira,
kewa(la)  si  pangestuning  kawula  iku  anut  umiring  saking
pangakening wah’dahu la sharika lahira anakseni ing tunggal
ing katunggalaning mahasucini(ng) piambekira.

Mangka  anabda Shaich  al  Bari: e-Mitraningsun  !  karana  satuhune
ingsun  anakseni:  anging  Allah  pangeran  kang sabenere kang anitah
angreh  ing  sembah  puji  kabeh  dadi  syuh  sirna  paningalingsun  ing
jiwaraga iki ; tuwi si  ing sembah puji ika, anging kang saja mahasuci
kewala langgeng amuji pinuji ing pamujinira, tan owah tan gingsir, tan
asifat waliwali  saja purba tanpa wiwitan tanpa wekasan.


Jika anda berminat untuk membaca kelanjutan Ebook Kitab Suluk Sunan Bonang ini, silahkan klik Download dibawah ini

ebook primbon sunan bonang




DOWNLOAD EBOOK GRATIS : KITAB SULUK SUNAN BONANG
Share this article :

Post a Comment

Apabila Link dari Ebook Gratis diatas rusak (Broken Link) mohon beritahukan Admin melalui Kotak Komentar di bawah ini. Sebisa mungkin Link Download Ebook akan segera admin perbaiki. Terima Kasih atas kunjungannya!!

Monggo di Like Fanpagenya gan!!
Matur Nuwun Sing Kathah

Tunggu sampai tombol Like muncul


Klik sembarang atau klik tanda silang [x] untuk menutup
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. BHIEBOOKS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger